Kawruh Bahasa Jawa

Màu nền
Font chữ
Font size
Chiều cao dòng

Assalamualaikum

Selamat siang semu.
Saya datang lagi dengan membagi sedikit ilmu yang pernah saya dapat sewaktu sekolah dulu.

Saya ingat pesan seseorang. Menulislah dengan yang kamu punya, tularkan ilmu yang ada pada diri untuk semua orang.

Selamat membaca

***
wong jowo
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.

Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering.

***

A. DASANAMA

* Dasanama yaiku tembung pirang-pirang kang duwe teges siji utawa padha.

Tuladha :

1. Anak : atmaja, putra, siwi, sunu, suta, yoga
2. Angin : bajra, bayu, maruta, pawana, samirana, sindung riwut.
3. Ati : driya, galih, manah, nala, kalbu, prana, tyas, wardaya.
4. Awak : angga, badan, salira, sarira, raga.
5. Bapak : bapa, sudarma, sudarmi, rama, yayah

6. Banyu : her, warih, ranu, sindu, tirta, we, jala
7. Bodho : blilu, dama, mudha, kumprung, koplo, jugul, pengung, punggung
8. Bumi : bantala, bawana, buwana, basundara, jagad, mandhala, pratala, paratiwi, siti, kisma
9. Buta : asura, danuja, denawa, ditya, diyu, raseksa, yaksa, wil
10. Dalan : delanggung, enu, gili, lurung, marga, margana, sopana

11. Dewa : apsara, apsari, bathara, dewata, sura, hyang, jawata, widadara
gajah : asti, dipa, dwipangga, dirada, esthi, liman
12. Gawe : kardi, karya, karti, yasa
13. Geni : agni, api, apyu, brama, dahana, pawaka
14. Getih : ludira, marus, rah, rudira
15. Gunung : aldaka, ancala, arga, ardi, giri, himawan, meru, parwata, prabata, wukir

16. Ibu : biyang, biyung, indhung, puyengan, rena, umi, wibi
17. Ireng : cemani, cemeng, jlitheng, kresna, langking
18. Iwak : matsura, mina, ulam
jaran : aswa, kapal, kuda, turangga, undhakan, wajik
19. Jeneng : asma, aran, jejuluk, rum-rum, wewangi, tetenger
20. Kali : lepen, narmada

21. Kaya : kadi, kadya, lir, mimba, pendah, pindha
22. Keris : curiga, cudrik, katga, patrem
23. Kethek : juris, kapi, palwaga, rewanda, wanara, wre
24. Kreta : rata, ratangga, pedhati, wirnana, yana
25. Kraton : dhatulaya, kedhaton, pura, puri

26. Kuning : jenar, kapuranta, pita
27. Lanang : jaler, jalu, kakung, priya
28. Langit : akasa, antariksa, awang-awang, bomantara, dirgantara, gegana, jumantara, tawang, widik-widik, wiyati, wyat
39. Lara : gerah, gering, roga, sakit
40. Lintang : kartika, sasa, sasadara, sudama, taranggana, wintang

41. Macan : sardula, sirna
42. Manuk : kaga, kukila, paksi, peksi
43. Mata : eksi, mripat, netra, paningal, soca
44. Mati : antaka, ngemasi, lalis, lampus, layon, lena, murud, palastra, seda
45. Mayit : bangke, jisim, kunarpa, kuwandha, sawa, wangke

46. Misuwur : kajuwara, kaloka, kalok, kawardi, kawentar, kaonang-onang, kombul, kondhang,
kongas, kontap
47. Omah : graha, panti, wisma, yasa
48. Padu : crah, congkrah, kerengan, padudon, sulaya
49. Panah : astra, bana, jeparing, naraca, sara, warastra
50. Pandita : ajar, dwija, dwijara, maharsi, resi, wiku, wipra, yogiswara

51. Peni : apik, becik, edi, endah
52. Perang : yuda, jurit, laga, pupuh, rana, branta yuda
53. Pinter : guna, lebda, limpat, wasis, widagda, widura, wignya
54. Ratu : aji, buminta, bumipala, dhatu, katong, naradipa, narpati, narendra, nareswara, nata,
raja, sri, sribupati
55. Rembulan : badra, candra, sasadara, sasangka, sasi, sitaresmi, sitengsu, wulan

56. Sedih : dhuhkita, kingkin, rudhatin, rudhita, sungkawa, susah, tikbra, turidha, wigena
57. Segara : ernawa, jalanidhi, jaladri, samudra, tasik
58. Slamet : basuki, raharja, rahayu, swasta, yuwana, widada
59. Srengenge : arka, aruna, bagaskara, bagaspati, baskara, diwangkara, pratangga, pratanggapati,
pratanggakara, radhite, raditya, rawi, surya
60. Ula : sarpa, sawer, naga, taksaka

61. Wadon : dayinta, dyah, estri, juwita, kusuma, retna, rini, wanita, wanodya, gini, putri
62. Weruh : anon, priksa, udani, upiksa, uninga, wikan, wrih
63. Wicara : catur, gunem, ucap, uni
64. Wong : jalma, jana, janma, manungsa, manus, nara

B. Kereta basa utawa jarwa dhosok

yaiku negesi tembung kapirid saka wancahan wandane,
utawa nguthak-athik tembunge supaya mathuk.

Tuladha :
- anak : kabeh kekarepane kudu ana lan sarwa kepenak
- bapak : bab apa-apa sarwa pepak (ngelmune lan pengalamane)
- batur : ngembati (nindakake) pitutur
- bocah : mangane kaya kebo, pegaweane ora kena dicacah
- brekat : apa-apa brak-brek banjur diangkat

- cangkir : nyancang pikir
- cengkir : kencenging pikir
- Desember : gedhe-gedhene sumber
- dongeng : dipaido ya keneng (kenging)
- garwa : sigarane nyawa

- gedhang : digedeng yen bar madhang
- gelas : yen tugel ora kena dilas
- gerang : segere wis arang-arang
- guru : digugu lan ditiru
- Januari : hujan sehari-hari

- jaka : apa sing dikarepake kepengin enggal tumeka
- kaji : tekade mung siji
- kathok : diangkat mbaka sitok
- kodhok : teka-teka ndhodhok
- kutang : sikute diutang

- krikil : keri ing sikil
- kuping : kaku tur njepiping
- kupluk : kaku tur nyempluk
- kursi : mungkur anggone ngisi
- mantu : dieman-eman meksa metu

- maratuwa : mara-mara bereng wis tuwa
- piring : sepi yen miring
- prawan : yen pepara(lunga) ing wayah awan
- sepuh : sebdane ampuh
- semah : isen-isenne umah

- sirah : isine rah (getih)
- siti : isi bulu bekti
- sopir : yen ngaso padha mampir
- sruwal : saru yen nganti uwal ( ucul)
- tandur : olehe nata karo mundur

- tapa : tatane kaya wong papa (ora duwe apa-apa)
- tarub : ditata supaya katon murub
- tebu : anteping kalbu
- tuwa : ngenteni metune nyawa
- wanita : wani ditata

- wedang : ngawe-awe kadang
- weteng : ruwet tur peteng


C. RURA BASA

Rura basa yaiku basa sing luput ananging dianggep lumrah ana ing basa padinan.

Tuladha :

✓ adang sega sing bener adang beras supaya dadi sega
✓ mangan awan sing bener mangan sega ing wayah awan
✓ mbunteli tempe sing bener mbunteli dhele godhog kang wis dirageni
✓ menek klapa sing bener menek wit klapa
✓ mikul dhawet sing bener mikul angkring isi wadhah dhawet
✓ ndheplok gethuk sing bener ✓ndheplok tela supaya dadi gethuk

✓ ndhudhuk sumur sing bener
✓ ndhudhuk lemah kanggo gawe sumur
✓ ndondomi klambi sing bener ndondomi bakal digawe klambi
✓ nganam klasa sing bener nganam pandhan/mendhong digawe klasa
✓ ngethok gedhang sing bener ngethok wit gendhang

✓ nguleng sambel sing bener nguleg lombok sakbumbune digawe sambel
✓ nunggu manuk sing bener nunggu pari supaya ora dipangan manuk
✓ nyangking banyu sing bener nyangking ember isi banyu

D. HOMONIM LAN HOMOGRAF

Homonim

Homonim yaiku tembung kang padha penulisane, padha pocapane nanging beda tegese.

Tuladha :

1. asma
    tegese : a. jeneng, nama
                   b. lara napas/mengi

2. beton
    tegese : a. isi nangka
                   b. cor-coran semen, watu,
                        krikil lan gesik

3. bledug
    tegese :  a. anak gajah
                    b. lebu sing katut angin

4. catur
    tegese :  a. papat
                    b. gunem, omong

5. enggal
     tegese :  a. cepet, gelis age-age,
                          ndhang
                     b. anyar

6. golek
    tegese : a. araning wayang kayu /
                       boneka saka kayu
                   b. ngupadi, ngupaya

7. jumeneng
    tegese :  a. ngadeg
                    b. dadi, madeg

8. kala
    tegese : a. jaring
                   b. nalika, ndhek, wektu,
                        wayah

9. kalong
    tegese : a. suda
                   b. araning kewan kang saba
                        bengi bangsane lawa
                        kelelawar

10. kedalon
       tegese : a. kewengen
                      b. kematengen

11. krama
       tegese : a. rabi, omah-omah
                      b. aturan

12. labuh
       tegese : a. mangsa sawise ketiga
                           dadi rendheng
                      b. minggir/mandheg
                      c. mulai 

13. mundhut
       tegese : a. tuku
                      b. njupuk

14. ngasta
       tegese : a. mulang / nyambut gawe
                      b. nggawa
                      c. nggawe

15  ngelih
      tegese : a. luwe, weteng kosong
                     b. mindhah

16. ngukur
       tegese a. ngilangi rasa gatel
                         nganggo kuku
                   b. arep ngerti dawa / Amba

17. sepet
      tegese : a. arane rasa
                     b. kulit klapa

18. sekar
      tegese : a. tembang
                     b. kembang

19. serat
       tegese : a. layang
                      b. serat kayu

20. sura
      tegese : a. bulan Muharram
                     b. wani kendel

21. timur
       tegese : a. enom, muda
                      b. wetan

22. wani
       tegese : a. ora wedi, gelem (berani)
                      b. nantang

23. waja
       tegese :  a. untu (gigi)
                       b. araning wesi
                            (penggorengan)

24. wayah
       tegese : a. putu (cucu)
                      b. wektu, mangsa (waktu)

25. weling
      tegese :  a. araning ula (jenis ular)
                      b. wekas (nasihat)

***

Homograf

Homograf yaiku tembung padha penulisane, beda pacopane, beda tegese.

Tuladha :

1. meri
    tegese :
   a. anak bebek
   b. iri hati

2. geger
    tegese :
    a. awak sisih mburi /punggung
    b. pereng

3. apel
    tegese :
    a. buah
    b. dolan neng kanca wadon


Semoga bermanfaat


















Bạn đang đọc truyện trên: Truyen2U.Pro