Nama-nama Hari

Màu nền
Font chữ
Font size
Chiều cao dòng

• Arane Dina (Nama Hari)

Ahad/Ngaat/Minggu : Radite/dhite
Senin : Soma
Selasa : Anggara
Rebo : Budha
Kemis : Respati
Jumuah : Sukra
Setu : Tumpak

Arane Pasaran (Nama Hari Pasaran)

Pon : Palguna
Wage : Cemengan
Kliwon : Kasih
Legi : Manis
Paing : Jenar

• Arane Sasi Jawa lan Sasi Arab
(Nama Bulan Jawa & Arab)

Sura : Muharam
Sapar : Syafar
Mulud : Rabiul awal
Bakdamulud : Rabiul akhir
Jumadilawal : Jumadil ula
Jumadilakhir : Jumadiltsani
Rejeb : Rajab
Ruwah : Sya’ban
Pasa : Ramadhan
Sawal : Syawal
Dulkaidah/sela/apit : Zulkaidah
Besar : Zulhijah

• Arane Taun (Nama Tahun)

1. Alip
2. Ehe
3. Jimawal
4. Je
5. Dal
6. Be
7. Wawu
8. jumakir

• Arane Windu

Adi : Linuwih
Kunthara : Ulah
Sangara : Banjir
Sancaya : Srawung

• Arane Wilangan (Nama Bilangan)

1 : eka
2 : dwi
3 : tri
4 : catur
5 : panca
6 : sad
7 : sapta
8 : hastha
9 : nawa
10 : dasa
100 : satus
1.000 : sastra
10.000 : saleksa
100.000 : sakethi
1.000.000 : sayuta

Warna

abang : rekta
putih : seta/pinggul
kuning : pita/jenar
ijo : wilis
ireng : langking/kresna
biru : maya

***

Tegese Tembung Kawi (Diksi)

A

agni : geni
aji : ratu
akasa : langit
amba : aku
andaka : bantheng

angga : awak
angkara : srakah
ardi : gunung
aris : alon
arsa : arep

astha : wolu
atmaja : anak
aywa : aja

B

bantala : lemah
baskara : srengenge
basuki : slamet
brama : geni
bramantya : nesu
brastha : rusak

C

cakara : rodha
candra : rembulan
caraka : utusan
catur : papat
cipta : pikir
citra : rupa/gambar

D

dahana : geni
danawa : buta
dasa : sepuluh
datan : ora
dirgantara : langit

ditya/diyu : buta
driya : ati
duk : nalika
duksina : kidul
dulu : deleng

duta : utusan
duhkita : susah
dwi : loro
dwi pangga : gajah
dwija : guru

E

eka : siji
enu : dalan
erawati : bledheg
emawa : segara
esa : siji
esthi : karep

G

gahana : jurang
garba : weteng
gapura : lawang
gagana : langit
giri : gunung

gita : cepet/age
gung : gedhe
guntur : gludug
guruh : bledheg
gya : enggal

gahana : jurang
garba : weteng
gapura : lawang
gagana : langit
giri : gunung

gita : cepet/age
gung : gedhe
guntur : gludug
guruh : bledheg
gya : enggal

J

jala : banyu
jaladara : mendhung
jaladri : segara
janma : manungsa
jaya : menang
jenar : kuning

K

kaga : manu
kadya : kaya
kalbu : ati
kalpika : ali-ali
kapti : karep

kapiyarsa : keprungu
kardi/karya : gawe
karta : aman
kartika : lintang
kayun : karep

kencana : emas
kintaka : layang
kisma : lemah
kresna : ireng
kukila : manuk

kuncara : misuwur
kusuma : kembang
kuwawa : kuwat

L

lampus : mati
langking : ireng
lastri : bengi
laya : panggon
lebda : pinter

lena : mati
lir : kaya
loh jinawi : subur banget
ludira : getih papan
lumaksana : mlaku

M

madya : tengah
makarya : nyambut gawe
manggala : panggede
manjing : mlebu
marga : dalan

marta : sabar
maruta : angin
mijil : metu
mina : iwak
mitra : kanca

miyarsa : krungu
mudha : enom
mulat : weruh
murwani : miwiti
murda : sirah

muksa : ilang
mustaka : sirah

N

nala : ati
narendra : ratu
narmada : kali
nata : ratu
nawala : layang

nendra : turu
netra : mripat
nuladha : niru/nyonto
nuswa : pulo

P

pabaratan : peperangan
pada : sikil
palagan : peperangan
palastra : mati
pambayun : pembarep

panca : lima
pancakara : padu/perang
panti : omah
pangaksama : pangapura
pangastuti : sembah

pangupajiwa : panguripan
paramarta : luhur
pawiyatan : sekolah
pindha : kaya
pita : kuning

padangga : gamelan
praja : negara
pralaya : mati
prapta : teka
pratiwi : lemah

prawira : kendel
priya : lanang
priyangga : dhewe
puma : rampung
puspita : kembang

R

rahayu : slamet
raga : awak
ratri : bengi
rawi : srengenge
rekta : abang

rena : ibu
roga : lara
rukmi : emas

S

samirana : angin
samodra : segara
sasana : papan/panggonan
sanggraha : cawisan
sardula : macan

sarira : badan
sarpa : ula
sasangka : rembulan
sasmita : tandha
siswa : murid

sitaresmi : rembulan
siwi : anak
soca : mripat
sona : asu
songsong : payung

sotya : inten
sudarma : bapak
sudarsana : contoh
sato : kewan
seta : putih

segra : gelis/cepet
sila : patrap
sira : kowe
sirna : ilang
sudira : digdaya

sungkawa : susah
sunu, suta : anak
sura : wani
sweda : kringet

T

tan : ora
tanaya : anak
taru : wit
taruna : enom
tinon : katon

tirta : banyu
trusta : seneng
turangga : jaran
tyas : ati

U

upaya : golek
upiksa : weruh
usada : tamba
utama : becik

W

waluya : waras
wana : alas
wanara : kethek
wardaya : ati
warih/we : banyu

warsa : taun
wasana : pungkasan
waspa : luh
wastra : sandangan
wibi : ibu

wicara : gunem
widya : pinter
wil : buta
wilis : ijo
wira : prajurit

wisma : omah
wisuda : angkat
wiyati : langit
wredha : tuwa
wukir : gunung
wuyung : kasmaran

Y

yasa : gawe
yayah : bapak
yitna : ngati-ati
yoga : anak
yogya : becik

yuda : perang
yuwana : slamet
ywa : aja

***

TEMBUNG ENTAR

Tembung entar yaiku tembung-tembung sing duwe teges ora sakbenere.

Tuladha:

abang-abang lambe : ora temenan utawa mung lelamisan.

abang raine : wirang, isin.

adol bagus, adol ayu : mamerake baguse, mamerake ayune.

adus kringet : nyambut gawe abot, mempeng.

ala jenenge : ora dipercaya awong liya

alus tembunge : omongane kepenak dirungokake.

atine ana wulune : duwe kekarepan ala, drengki srei.

bau suku : tenaga, abdi.

mbukak wadi : ngandhakake wewadine/rahasiane.

mbuwang tilas : nutupi tumindake sing ala.

cagak elek : srana supaya betah melek.

cagak urip : srana kanggo nyukupi kebutuhane urip.

cepak rejekine : gampang golek rejeki.

cilik atine : sumelang, kuwatir.

cupet nalare : ora bisa mikir.

dadi gawe : ngrepotake wong liya.

dawa tangane : seneng colong jupuk.

ndhedher kabecikan : tumindak becik.

dhuwur pangkate : dadi panguwasa.

enek atine : keweden, kuwatir banget.

entheng tangane : seneng milara, cengkiling.

enthenge tangan : seneng nyambut gawe.

gedhe atine : tatag, ora gampang sumelang.

gedhe endhase : sumanagkean, gumedhe.

gedhe omonge : seneng umuk.

nggedhekake puluk : ora gelem prihatin.

nggenggem tangan : ora gelem nyambut gawe, kesed.

golek urip : nyambut gawe kanggo nyukupi urip.

idu geni : kabeh guneme kudu bisa klakon.

jembar kawruhe : akeh ngelmune.

jembar segarane : sugih pangapurane.

kandel kulite : digdaya, sekti.

kaku atine : tansah sulaya, nesu wae.

kembang lambe : tansah dadi pocapan, gunem.

kulak warta : golek kabar.

kuwat drajad : cocog dadi panguwasa, pemimpin.

lambe tipis : akeh omonge, criwis.

landhep dhengkul : bodho banget.

landhep pikire : pinter.

lara ati : serik.

lara ayu : lara cacar.

lobok atine : sabar.

lumah tangan : ora gelem cawe-cawe.

lunyu ilate : gunemane mencla-mencle.

manis rembuge : omongane gawe seneng.

mata dhuwiten : petung banget, srakah marang dhuwit.

mati sandhang pangane : ora ana dalan kanggo golek sandhang pangan.

mati ilate : ora bisa ngrasakake gurihe pangan.

meres kringet : nyambut gawe nganthi peng-pengan.

mogel ilate : seneng mangan sarwa enak.

nandur kabecikan : tumindak, gawe becik.

ngangsu kawruh : sekolah, meguru.

ngatonake siyunge : nuduhake panguwasane.

ngatonake dhadhane : sumbar, umuk, pamer.

ngendhaleni hawa napsu : nyegah kekarepan ala.

nyolok mata : tumindake ketara banget, cetha banget.

oleh wirang : kisinan.

ora duwe ati : wedi, kuwatir banget.

padhang hawa : ndonya

padhang pikirane : seneng

padhang ulate : sumeh, grapyak

panas atine : nesu banget

papan kiwa : ora andhakan, nisih

pedhes rembuge, tembunge : guneme gawe serik

peteng atine, pikire : susah

pingget atine : serik, gela

rai gedheg : ora duwe isin

rupak raine : cugetan

rupak jagade : judheg, ora bisa
lunga-lunga

sepi kawruhe : bodho

sepi ing pamrih : ora duwe pamrih, melik

sesak dhadhane : mangkel, serik

tadhah udan : lirangan gedhang sing ndhuwur dhewe

tatu atine : serik banget

tipis lambene : seneng nyatur wong liya, criwis

thukul pikire : akeh akale

thukul turune : duwe turun/anak

udan tangis : akeh sing padha nangis

ulate peteng : nesu

utang nyawa, pati : gawe pepati

utang wirang : gawe wirange wong liya

weteng kadut, karet : akeh pagane/tadhahe

wedi getih : jirih

wedi kangelan : ora gelem rekasa, kesed

Selamat membaca, semoga bermanfaat.

Bạn đang đọc truyện trên: Truyen2U.Pro