Campur (2)

Màu nền
Font chữ
Font size
Chiều cao dòng

Watake Wong Utawa Bocah

1. Adigang : ngandel-endelake kakuwatanne
2. Adigung : ngandelendelake kaluhurane
3. Adiguna : ngendel-endelake kapinterane
4. Ambekdarma : seneng tetulung, welasan
5. Ambekpati : ora wedi pati

6. Ambeksiya : seneng nganiaya
7. Ambeksura : kendel banget
8. Ambekwani : kendel banget
9. Alim : pinter tur anteng
10. Anteng : meneng ora akeh gunem

11. Andhap asor : ora gumedhe, ora umuk
12. Bandel : ora cingeng, ora gembeng
13. Beres : ora duwe niyat ala utawa goroh
14. Bencirih : gampang kena ing lelara
15. Berbudi : seneng weweh, loma

16. Blater : pinter sesrawungan
17. Mblubud : nekat ora duwe isin
18. Brangasan : gampang nepsu
19. Mbrekunung : nggugu karepe dhewe
20. Cendhala : ala kelakuanne

21. Centhil : emoh weweh/ medhit
22. Climut : dhemen nyenyolong
23. Clingus : isinan, ora kendel sesrawungan
24. Cluthak : seneng mangan apa-apa
25. Cubluk : bodho

26. Cugetan : mutungan, ora sabar
27. Culika : dhemen ngapusi
28. Ndableg : ora ngrewes ing pitutur
29. Dahwen : seneng nacad
30. Daksiya : seneng mara tangan

31 Delap : seneng nganiaya
32 Ndhendheng : Angel dituturi
33 Drengki : meri marang kabegjane liyan
34 Ndhugal : kurang ajar
35 Gathekan : Gampang ngerti, lantip

36. Gembeng : Gampang nangisan
37. Geleman : Manutan, gampang gelem
38. Gemi : Pinter ngirit, nganggone
39. Getapan : Gampang kagel
40. nggragas : Seneng memangan sing kurang patut

41. Jail : Seneng gawe piala / usil
42. Jirih : Ora kendel / weden
43. Julig : Pinter nindakake bab ala
44. Kemproh : Ora resikan
45. Kendel : Duwe kewanen
46. Kesed : Ora oyan gawe

47. Kethul : Ora gampang ngerti
48. Loma : Seneng weweh
49. Lonjo   : Guneme sak wiyah-wiyah
50. Lugu : Kaya apa anane
51. Melikan : Gampang tuwuh rasa kepingin nduweni
52. Mentahan : Ora duwe rasa welas

53. Meren : Gampang meri
54. Mopo : Ora gelem nglakoni
55. Murka : Kumudu-kudu tanpa akeh dhewe
56. Muthakil : Sugih akal kanggounthunge dhewe
57. Ngebreh : Mbuwang dhuwit, boros

58. Panasten : Seneng manasi liyane marga meri
59. Parawadulan : Seneng wadul
60. Prasaja : Beres
61. Sabar : Ora gampang nesu, sareh anggone
62. Saen : Ora isinan
63. Srakah : Kumudu-kudu oleh akeh dhewe
64. Sumanak : Rumaket ing pamitran
65. Sumungah : Seneng umuk

66. Taberi : Sregep serta tlaten
67. Takad : Kuwat nahan lara
68.  Tambeng : Manut karepe dhewe
69.  Tegelan : Ora duwe rasa rikuh, mentalan
70. Temen : Ora dhemen goroh
71. Tumbak : Seneng wadul cucukan
72. Ugal-ugalan : Kurangajar
73. Umpakan : Seneng dialem


***

Arane Wektu

Pagi Byar 06.00
- gumatel 09.00
- Pecat sawet 10.00

Bareng pekerjaan Wisan gawe/ bareng gawe 10.00

Siang Bedhug (luhur) 12.00
- tengange 12.00

Lengser barat Lingsir/ lengser  kulon 14.00

Asar Ngasar 15.00
- Tunggang gunung 17.00
- Tibra layu 17.30

Maghrib Maghrib (surup) 18.00

Setelah magrib Bakda magrib 18.30

Isyak ngisak 19.00

Setelah isyak Bakda ngisak 20.00

Selesai aktivitas anak-anak Sirep bocah 22.00

Selesai aktivitas dewasa Sirep wong 23.00

Tengah malam Bedhug bengi (dawa) 24.00

Lengser malam Lingsir/ lengser wengi 01.00
- titiyoni 02.00

Jago berkokok pertama Jago kluruk sapisan 03.00

Subuh Bedhug telu (subuh) 04.00

Jago berkokok kedua Jago kluruk pindho 04.00

Jago berkokok ketiga Jago kluruk ping telu 05.00

Saput tanah Saput lemah 05.30

***

Arane Mangsa

1. Bedhidhing. :Tengah-tengahing mongso ketigo. Yen wayah isuk adhem banget.

2. Ketigo. : Mongso terang, ora ono udan.

3. Labuh. : Mongso ngarepake rendheng.

4. Mareng. : Mongso ngarepake ketigo.

5. Paceklik. : Mongso larang pangan.

6. Pailan. : Mongso larang pangan.

7. Panen. : Mongso ngundhuh pari.

8. Pagebluk. : Mongso akeh wong podho mati mergo loro sing nular.

9. Pagering. : Mongso akeh wong podho nandhang gering.

10. Rendheng. : Mongso udan.

***

Patrape Nggawa

1 Mandhi Nggawa ( bedhil gada ) dipanggul
2 Manggul Nggawa ditumpangake ing pundhak (cengel )
3 Mbopong Nggawa sarana ditumpangake ing tangan loro
4 Mikul Nggawa nganggo pikulan ( ditumpangake ing pundhak)
5 Munji Manggul bocah ( tangane bocahe cekelan sirahe sing manggul )
6 Ngemprit Nggawa dijapit ing cangkalan ( kelek )
7 Ngemban Nggawa ing bangkekan  nganggo slendang
8 Ngindhit Nggawa ing bangkekakn ( nggawa kranjang, klenthing )
9 Nggembol Nggawa apa-apa dilebokke ing jarit
10 Nggendhong Nggawa ditumpangake ing geger
11 Nggotong Nggawa kajunjung wong akeh
12 Nyangga Nggawa di tumpangake ing tangan
13 Nnyangking Nggawa digantung ing tangan
14 Nyangklek Nggawa dilinggihake ing bangkekan banjur dirangkul
15 Nyengkiwing Nggawa sing panyekele ing pucuking bae
16 Nyunggi/nyuwun Nggawa ditumpangake ing sirah

***

Patrape Linggih

1 Ndheprok Linggih lemah sakenggon-enggone
2 Ndhodhok Linggih nanging bokonge ora kambah lemah
3 Jegang Linggih sak kepenake dhewe
4 Ngangir Mengurep sirahe njengengek (njunjung)
5 Ngapurancang Linggih tangane ditangkebake
6 Njengking Mengkureb bokonge dijongatake
7 Ongkang-ongkang Linggih ing pinggiran sikile gumantung
8 Sila Linggih sikile ditekuk ing ngarep
9 Sila panggung Sila dhengkule di unggahake ( kaya silana para nyai )
10 Sila tumpang Sila sikile sing siji ditumpangake ing pupu liyane ( kaya silane dhalang )
11 Slonjor Linggih sikile kenceng maju siji utawa loro pisan
12 Sluku Linggih sikile slonjor, tangane tumumpang  pupu

***

Slametan / Upacara

1 Bersih desa Slametan ngresiki desa
2 Berjanje Maca puji-pujian ngenani riwayate Nabi Muhammad SAW
3 Boyongan Naglih omah
4 Brokohan Slametan tumrap bayi kang mintas lahir
5 Kirab Metu bareng arak-arakan
6 Mantu Duwe gawe ngomah-ngomahke anak
7 Megengan Wiwitane sasi pasa
8 Mitoni Slametan nalikane Meteng pitung sasi
9 Mule Slametan ndongaake keluarga sing wis seda
10 Muludan Slametan ing dina wiyose Nabi Muhammad SAW
11 Ngirim Ngopeni kuburane keluarga
12 Nyadran Ndongaake wong sing wis seda ana ing makam
13 Nyekar Ngopeni kuburan lan Ndongakake keluarga sing wis seda
14 Nyelapani Slametan Nalika bayi umur selapan ( 35 dina )
15 Nyepasari Slametan nalika bayi umur sepasar ( 5 dina )
16 Puputan Slametan nalika pusere bayi wis pedhot
17 Sedhekah bumi Bersih desa
18 Slawatan Dedonga marang Gusti Allah SWT kagem Nabi Muhammad SAW lan kaluwarganipun serta para mitanipun
19 Tahlilan Maca puji-pujian marang Gusti Allah SWT biasane sakwise kesripahan ( Kepaten )
20 Tetakan Sunatan
21 Tedhak siten Slametan nalika bocah cilik wiwit diudhunake ing lemah
22 Tingkeban Mitoni, Slametan nalika meteng pitung sasi
23 Udhun-udhunan Slametan ngarepake riyaya ( Lebaran )
24 Unggah-unggahan Slametan ngarepake pasa
25 Wiwit Slametan ngarepake methik pari

***

Wilangan Basa Jawi

1 : eka
2 : dwi
3 : tri
4 : catur
5 : panca
6 : sad
7 : sapta
8 : hastha
9 : nawa
10 : dasa
100 : satus
1.000 : sastra
10.000 : saleksa
100.000 : sakethi
1.000.000 : sayuta

***

Wilangan Saperangan

Wilangan saperangan yaiku aran saperangane wilangan basa Jawa kanggo saperaning wit-witan, barang lan kewan kanthi duwe teges mung siji.

Tuladha:

Banyu = satetes
Bawang = sasiyung
Jaran = sarakit
Gamelan = sarancang
Godhong = sapapah
iwak = sakepis
beras = saelas
kembang = segagang
daging = sairis
rokok = sealer

***

Ngemu Tegese Mbangetake

Tembung Mbangetake (Kata ganti menyangatkan)

abang mbranang
gagah prakoso
ajur mumur
garing sring
anyar gres

grimis riwis-riwis
anyep njejet
guyup rukun
biru kecu
ijo royo-royo

babar blas
ireng thuntheng
banjir bandhang
jejel uyel-uyel
cedhak nyaklek

jembar gilar-gilar
cilik menthik
kapok kawus
cukat trengginas
lila legawa

dhewe emple
malang megung
dhuwur mencit
nangis ngguguk
endhek erek-erek

panas sumelet
esuk uthuk-uthuk
teles kebes


Selamat membaca. Semoga bermanfaat

Bạn đang đọc truyện trên: Truyen2U.Pro