Kesusastraan

Màu nền
Font chữ
Font size
Chiều cao dòng

KESUSASTRAAN

A. Paribasan, Bebasan, lan Saloka

Paribasan, bebasan, lan saloka iku meh padha, nanging ana bedane lan kita uga kudu bisa mbedakake antarane paribasan, bebasan, lan saloka supaya bisa paham.

1. Paribasan

Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, ora kena ngemu surasa pepindhan.
Tuladha :
· Jer basuki mawa bea, tegese kabeh gegayuhan iku mesthi ana ragade utawa ana biayane/pangorbanan
· Becik ketitik ala ketara, tegese becik utawa ala bakal ketara ing tembe burine.
· Kacang ora ninggalake lanjaran, tegese kalakuane anak lumrahe tiru-tiru wong tuwane.
· Yitna yuwana lena kena, tegese sing ati-ati nemu slamet, sing sembrana bakal nemu cilaka.

2. Bebasan

Bebasan yaiku unen-unen gumathok, ngemu surasa pepindhan sing dipindhanake solah bawa (sikap).
Tuladha :
· Njagakake endhoge si blorok, tegese nunggu / ngarep-ngarep samubarang sing during mesthi.
· Anak polah bapak kepradah, tegese wong tuwa nemu reribed akibat polahe/tingkahe anake.
· Adigang , adigung, adiguna, tegese ngendelake kakuwatane, kaluhurane, lan kapinterane.
· Car-cor kaya kurang janganan, tegese guneman waton metu tanpa dipikir dhisik.
· Dipalangana mlumpat, ditalenana medhot, tegese yen wis tinakdir (jodho), kaya ngapaa mesthi bakal kelakon (dadi).
· Diwenehi ati ngrogoh rempela, tegese nyuwun, wis diparingi sathithik, ndadak nyuwun sing akeh.
· Durung pecus keselak besus, tegese durung sembada wis kepengin sing ora-ora.
· Emban cindhe emban siladan, tegese siji lan sijine ora padha pangrengkuhe (ora adil).
· Embat-embat celarat, tegese nyambut gawe klawan ngati-ati banget.
· Kakehen gludhug kurang udan, tegese akeh omong, nanging ora ana nyatane.
· Keplok ora tombok, tegese melu seneng-seneng nanging ora gelem cucul wragad.
· Kerot ora duwe untu, tegese duwe kekarepan nanging ora duwe wragad.
· Kriwikan dadi grojogan, tegese prakara cilik dadi gedhe.
· Lambe satumang kari samerang, tegese aweh pitutur bola-bali, nanging ora digugu.
· Nabok nyilih tangan, nindakake panggawean ala sarana kongkonan.
· Ngalem legining gula, tegese nyebut kaluwihane , kapinterane, utawa kasugihane wong.
· Nglungguhi klasa gumelar, tegese kari nemu kepenake, tanpa melu rakasane.
· Nguyahi segara, tegese weweh marang sugih, tiwas tuwas.
· Satru mungging cangklakan, tegese mungsuh kang isih sanak sadulur.
· Sembur-sembur adas, siram-siram bayem, tegese bisa kaleksanan marga pandongane wong akeh.

3. Saloka

Saloka yaiku unen-unen gumathok sing dipindhanake wonge.
Tuladha :
· Tumbu oleh tutup, tegese wong kang cocok aten-atenane utawa wong kekancan sing cocok banget.
· Bathok bolu isi madu, tegese wong asor nanging sugih kapinteran.
· Kaya banyu karo lenga, tegese pasaduluran kang ora bisa rukun.
· Kebo bule mati setra, tegese wong pinter nanging ora ana sing nganggokake.
· Kebo kaboten sungu, tegese wong tuwa sing rekasa uripe amarga kabotan ngopeni anak-anake.
· Kebo mulih menyang kandhange, tegese wong lunga utawa barang ilang sing bali maneh menyang asale.
· Kebo nusu gudel, tegese wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom.

B. Cangkriman

Cangkriman iku unen-unen utawa tetembung sing kudu dibatang utawa di bedhek maksude. Cangkriman uga di arani badhekan.

a). Cangkriman wancah (cekakan),

tuladha (contoh):

Pak beletos : Tapak kebo lelene satus
Pak bomba, pak lawa, pak piyut = tapak kebo amba, tapa ula dawa, tapak sapi ciyut
Pindhang kileng : sapi nang kandhang, kaki mentheleng
Bot ginawa entheng, theng ginawa abot : klobot ginawa entheng, gentheng digawa abot
Wiwa wite, lesbodhonge, karwa pake : uwi dawa uwite, tales amba godhonge, cikar dawa tipake
Kabaketan : Nangka tiba neng suketan
Yumaerong : yuyu omahe ngerong
Suru bregitu : asu turu di bregi watu
Karla ndheren : mbakar tela sumendhe keren
Nasgithel : Panas, legi, kenthel

b). Cangkriman pepindhan (emper-emperan)

tuladha (contoh):

Pitik walik saba kebon ( nanas )
Urang sapikul matane pira ? ( ana 6 = Urang, sapi, kul )
Sega sakepel dirubung tinggi, apa ? ( salak )
Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong ( kates )
Emboke di elus elus anak di idak-idak ( andha )
Gajah nguntal sangkrah ( pawon )
Ing dhuwur wayangan, ing ngisor jedhoran (ngundhuh krambil )
Kebo bule cancang merang ( buntil )
Disuguh opak angin ( ora disuguhi apa-apa )
Anake gelungan ibune ngrembyang ( pakis )
Wes gedhe kok ngguyu tawa ( nangis )
Pitik walik saba meja : sulak, kemoceng
Bocah cilik tlusap-tlusup nang kebon ( dom / jarum).
Wit adhikih woh adhakah ( waloh )
Wit adhakah woh adhikih ( ringin )
Emboke wuda, anake tapihan ( pring )
Dikethok malah dhuwur ( celana )

c). Awujud plesedan utawa blenderan

tuladha (contoh):

Wong wudunen kuwi sugih pari : pringisan
Ora usah mutung. Mutung apa? Mutung kesarung (lutung kasarung)
Wong adol tempe ditaleni = sing ditaleni tempe, dudu wong sing dodol.
Wong mati ditunggoni wong mesam-mesem = sing mesam mesem wong sing nunggu, dudusing mati.
Lampu apa yen dipecah metu uwonge (lampu toko sing lagi ditutup)

d). Awujud sinawung ing tembang

tuladha (contoh):

Bapak pocung cakemu marep mandhuwur,
sabamu ing sendhang,
pencokanmu lambung kering,
prapteng wisma si pocung muntah guwaya
(batangane = klenthing/jun)
Bapak pocung renteng renteng kaya kaliung
dawa kaya ula
pencokanmu wesi miring
sing disaba si pucung mung turut kutha
(batangane : sepur)
Bapak pucung
dudu watu dudu gunung
Sangkamu ing Plembang
ngon ingone sang Bupati
Yenlumampah
Si pucung lembehan grana. (gajah)
Bapak pocung
Amung sirah lawan gembung
Padha dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Mijil baka
Si pocung dadi dahana ( Penthol Korek )

C. Wangsalan

Wangsalan iku unen-unen cangkriman nanging iku dibatang (dibedhèk) dhéwé. Ukarané ora persis nanging mèmper waé. Wangsalan ana kang awujud ukara selarik, bisa uga awujud tembang. Tuladha sing wujud ukara:

Nyaron bumbung, nganti cengklungen nggonku ngenteni. (saron bumbung=angklung)
Njanur gunung, kadingaren sliramu teka. (janur gunung=aren).

Tuladha sing wujud tembang:

Jirak pindha munggwing wana
Sayeng kaga we rekta
Sinambi kalaning nganggur
Wastra tumrap mustaka
Pangikete wangsalan kang sekar pangkur
Kinarya langen pribadi

Batangane:

Jirak pindha munggwing wana = wit kesambi.
Sayeng kaga = piranti kanggo nyekel manuk (kala).
We rekta kang muroni = iket.
Baon sabin = karya.

D. Parikan

Pancen angel kanggo negesi parikan iku yen mung diucapake satembung utawa saukara. Kita ora bisa njlentrehake (mendiskripsikan) kanthi ukara. Kanggo njawab utawa mangsuli titikan-titikane (ciri-cirinya). Dadi parikan yaiku unen-unen kang nglungguhi paugeran utawa pathokan kaya mangkene:
1. Kadadeyan saka rong ukara, kang dhapukane ukara nganggo purwakanthi guru swara (menggunakan persajakan atau rima).
2. Saben saukara kadadeyan saka rong gatra.
3. Ukara kang kapisan minangka purwaka utawa bebuka dene ukara kapindho minangka tebusane utawa isi.

Parikan ana 2 warna :
1. Parikan sing dumadi saka rong gatra ( Parikan Tunggal )
2. Parikan sing dumadi saka patang gatra ( Parikan Rangkap )
Tuladha:

1) Parikan kang kadadeyan saka (4 wanda+ 4 wanda) X2.

a) Tawon madu, ngisep sekar.
Golek imu, kudu sabar.

b) Wajik kletik, gula jawa.
Luwih becik, sing prasaja.

c) Manuk emprit, mencok pager.
Dadi murid, kudu pinter.

2) Parikan kang kadadeyan saka (4 wanda+8 wanda) X2

a) Kembang aren, sumebar tepining kalen.
Aja dahwen, yen kowe kepingin kajen.

b) Kembang menur, ganda sedhep sandhing sumur.
Kudu jujur, yen kepingin kowe luhur.

c) Pasar legi, tabuh loro durung rame.
Pengin ai, labuha karo bangsane.

3) Parikan kang kedadeyan saka (8 wanda+ 8 wanda) X2

a) Kolang-kaling pakan ula, sadhompol isine telu.
Eling-eling dadi siswa, ja lali sregep sinau.

b) Iwak yuyu iwak wader, pethuk bulus mangan apem.
Yen sinau dadi pinter, besuk lulus ati tentrem.

c) sega punar lwuh empal, segane penganten anyar.
Dadi murid aja nakal, kudu anteng ati sabar.

E. Purwakanthi

1. Purwakanthi Guru Swara

Purwakanthi swara yaiku unen-unen kang runtut swarane (vokal) Tuladha:

Aja dumeh menang, banjur tumindak sewenang-wenang
Ana awan, ana pangan
Ana dina, ana rupa
Bareng wes makmur, lalli karo sedulur
Becik ketitik, ala ketara
Bungah susah iku lumrah
Gelem obah, mesthi mamah
Gemi setiti ngati-ati
Inggah inggih nanging ora epanggih
Ijo-ijo godhonge kara, bareng bodho lagi rumangsa
Ireng-ireng ketok untune, bareng seneng ketok guyune
Kudu sregep sing sinau, sapa sing kepingin maju
Ora cepet, ora ngliwet
Ora ngedan, ora keduman
Tiwas sayah, ora paedah
Wong bungah sok nemu susah
Witinh tresna, jalaran saka kulina
2. Purwakanthi Guru Sastra

Purwakanthi sastra yaiku unen-unen kang runtut sastrane (kongsonan) Tuladha :

Bobot, bibit, bebet
Aja dhemen memada sameng dumadi
Ketula-tula ketali
Janji jujur jajahe mesthi makmur
Laras, lurus, leres, laris
Kala kula kelas kalih, kalung kula kolang kaling
Tata titi tutug tatag, tanggung tertib
Ruruh, rereh, ririh ing wewarah
Sing sapa salah bakal saleh
Sing sapa goroh growah
Sluman, slumun, slamet
Tata titi tentrem
3. Purwakanthi Lumaksita

Purwakanthi basa/lumaksita yaiku unen-unen kang kadhapuk saka rong gatra. Pungkasane gatra kapisan, dadi wiwitane gatra kapindho. Thuladha :

Jarwa pinter, pintere satriya ing pringgondani
Bayem arda, ardane ngrusak busana
Kolik priya, priyagung anjani putra
Asung bekti, bektine kawula marang Gusti
Lungguh dhingklik, dhingklike wong cilik-cilik
Mangan ati, atine sing kalara-lara
Nandhang lara, larane wong lara lapa
Pandhu suta, suta madyaning Pandhawa
Raja putra, putra daleme Nagstina
Rujak degan, degane krambil ijo
Remuk rempu, rempu dadi awu
Saking tresna, tresnane mung samedana
Rujak dhondhong, rujake sisaning kakong
Witing tresna, tresnane mung sawetara
F. Lagu Dolanan

Berikut adalah beberapa contoh lirik lagu dolanan berbahasa Jawa yang bisa gunakan sebagai sarana bermain untuk anak-anak. Lagu-lagu ini sudah populer dikalangan anak-anak dan mudah untuk dihafal.

1. DHONDHONG APA SALAK

Dhondhong apa salak
Dhuku cilik-cilik
Andhong apa mbecak
Mlaku dimik-dimik

2. GUNDUL-GUNDUL PACUL

Gundul-gundul pacul..cul, gemelelengan
Nyunggi-nyunggi wakul...kul, gemelelengan
Wakul ngglimpang, segane dadi sakratan
Wakul ngglimpang, segane dadi sakratan

3. MENTHOK-MENTHOK

Menthok-menthok tak kandhani
Mung solahmu angisin-isini
Bokya aja ndheprok
Ana kandhang wae
Enak-enak ngorok
Ora nyambut gawe
Methok-menthok
Mung lakumu megal-megol gawe guyu

4. Jaranan

Jaranan- jaranan, jarane jaran teji
Sing numpak ndoro bei
sing ngiring para mentri

Jeg-jeg nong, jreg-jreg gung
Jeg-jeg gedebuk krincing
Gedebug jedher
Gedebug krincing
Jeg-jeg gedebuk jedher

5. Padhang Bulan

Yo prakanca dolanan ing njaba
Padhang mbulan padhangé kaya rina
Rembulané kang ngawé-awé
Ngélikaké aja turu soré-soré

6. Ilir-Ilir

Lir-ilir, lir-ilir
Tandure wus sumilir
Tak ijo royo-royo
Tak sengguh temanten anyar

Cah angon, cah angon
Penekno blimbing kuwi
Lunyu-lunyu penekno
Kanggo mbasuh dodotiro
Dodotiro, dodoiro
Kumitir bedah ing pinggir
Dondomono, jlumatono
Kanggo sebo mengko sore
Mumpung padhang rembulane
Mumpung jembar kalangane
Yo sorako, sorak iyo!!

7. SLUKU-SLUKU BATOK

Sluku-sluku bathok
Bathoke ela-elo
sluku bathok
Bathoke ela-elo
Si Rama menyang Solo
Oleh-olehe payung motha
Mak jenthit lolo lobah
Wong mati ora obah
Nek obah medeni bocah
Nek urip goleka dhuwit.

8. JAMURAN

Jamuran… jamuran…ya ge ge thok…
jamur apa ya ge ge thok…
Jamur payung, ngrembuyung kaya lembayung,
sira badhe jamur apa?

9. Siji Loro Telu

Siji Loro Telu
Astane sedeku
Mirengake Bu Guru
Menowo didangu

Papat nuli limo
Lenggahe sing toto
Ojo podho sembrono
Mundhak ora biso

10. REK AYO REK

Rek ayo rek mlaku mlaku nang tunjungan
Rek ayo rek rame rame bebarengan
Mangan tahu jadhi campur nganggo timun
Malam minggu gak apik dhigawa nglamun
Ngalor ngidur liwat took numpak motor
Masih untung nyenggal nyenggol ati lega
Sapa ngerti nasib awak lagi mujur
Kenal anak e sing dodol rujak cingur
Ja dhipikir kon padha gak duwe sangu
ja dhipikir angger padha gelem melu aku
cah ayo cah sapa gelem melu aku
cah ayo cah golek kenalan cah ayu

11. SUWE ORA JAMU

Suwe ora jamu
Jamu godhong tela
Suwe ora ketemu
Ketemu pisan gawe gela
Suwe ora jamu
Jamu godhong tela
Suwe ora ketemu
Ketemu pisan gawe gela

12.Cublak Cublak Suweng

Cublak cublak suweng..
suwenge ting gelenterl..
mambu ketundung gudel
pak empong lera-lere
sopo ngguyu ndelik-ake
sir-sir pong dhele gosong
sir sir pong dhele gosong

13. Gotri

Gotri legendri nogo sari.. ri
riwul owal awul jadah mentul.. tul
tolen olen olen jadah manten ..ten
(ti)tenana besuk gede dadi opo.. po
podho mbakul enak mbakul sedeng.. deng
dengklok engklak engklok koyo kodok

14. Bang Bang Tut

Bang bang tut cendelo ewo ewo
sopo prei ngentut ditembak rojo tuo
nyang kali ngiseni kendhi
jeruk purut wadhah entut

15. Dayoh

E dayohe teko
E gelarno kloso
E klosone bedhah
E tambalen jadah
E jadahe mambu
E pakakno asu
E asune mati
E kelekno kali
E kaline asat
E centhelno pager
E pagere ambruk
E delehno ngebuk

16. Kidang Talun

Kidang talun
Mangan kacang talun
Mil kethemil mil kethemil
Si Kidang mangan lembayung

17. Gambang Suling

Gambang suling kumandhang swarane
Tulat tulit , kepenak unine
Unine mung nrenyuhake
Barengan kentrung , ketipung suling
Sigrak kendangane.

18. Kodok Ngorek

Kodok ngorek kodok ngorek , ngorek nyang mblumbangan
Theyot theblung theyot theblung , theyot theyot theblung

Golek pangan golek pangan, golek golek pangan

Theyot theblung theyot theblung , theyot theyot theblung
Bocah pinter bocah pinter , besuk dadi dokter
Bocah bodho bocah bodho , besuk kaya kebo

Bạn đang đọc truyện trên: Truyen2U.Pro