Bahasa Jawa

Màu nền
Font chữ
Font size
Chiều cao dòng

A. Pamilahe Basa Manut Unggah Ungguhe

Unggah-ungguh Basa Jawa yaiku adat sopan santun, tatakrama, tatasusila nggunakake Basa Jawa. Undha-usuke Basa Jawa miturut unggah-ungguhe kena kaperang dadi 5, yaiku :

1. Basa ngoko, kaperang dadi 2, yaiku Ngoko Lugu lan Ngoko Andhap (isih kaperang maneh dadi 2, Antya Basa lan Basa Antya).

2. Basa madya, kaperang dadi 3, yaiku Madya Ngoko, Madyantara lan Madya Krama.

3. Basa Krama, kaperang dadi 5, yaiku Kramantara, Mudha Krama, Wredha Krama, Krama Inggil, lan Krama Desa.

4. Basa Kedhaton.

5. Basa Kasar.

***

a. Baya Madya

Basa Madya iku basa ing antarane basa ngoko lan krama. Wujude Basa Madya yaiku tembung Madya kaworan ngoko utawa krama. Basa Madya Ngoko biyasane isih digawe dening wong ing desa lan pegunungan. Manut wujude, Basa Madya diperang dadi 3, yaiku :

1. Madya Ngoko.

Basa Madya Ngoko wujude tembung :
Madya (ater-ater lan panambang ngoko)

Ngoko

Dika, mang, samanng
Ciri-cirine Basa Madya Ngoko antarane :

Aku, dadi kula
Kowé, diowahi dadi dika
Ater-ater tak- diowahi dadi kula
Ater-ater ko-diowahi dadi dika
Ater-ater di- ora owah

Kanggone Basa Madya Ngoko iku lumrahe :

Bakul padha bakul
Priyayi marang sor-sorane

Tuladha :

Dika niku klebu beja, olehe panen pari mboten enten sing gabug, samang napake ta?

Pundi woh-wohané sing becik-becik niku?

Niku napa kirang becik?

2. Madyantara.

Basa Madyantara iku wujude tembung : Madya (ater-ater lan panambang ngoko) Ngoko Kang slira (sampeyan), pangkate, sesebutan (peprenahan)

Ciri-cirine Basa Madyantara :

✓Aku, diowahi dadi kula
✓Kowé, diowahi dadi sampéyan, samang
✓Ater-ater tak-, diowahi dadi kula
✓Ater-ater ko-, diowahi dadi samang, mang
✓Panambang -ku, diowahi dadi kula

✓Panambang -mu, diowahi dadi sampéyan, samang
✓Panambang -e tetep ora owah
✓Sing nganggo Basa Madyantara :
✓Wong padesan marang wong liya kang dianggep luwih tuwa utawa kinurmatan
✓Padha-padha priyayi sing wis kulina
✓Bojone priyayi marang sing lanang (yen durung kulina)
✓Priyayi marang sanake tuwa kang luwih asor

Tuladha :

Sampeyan niku pripun ta mas, seprika-sepriki kok boten enten sudane

A migunakaké Basa Madya Ngoko, B migunakaké Basa Madya Krama.

A : “É, Yu nggéndhong lurik, ndika mandheg sedhéla”.
B : “Napa, ajeng tumbas?”
A : “Wong ngendheg nèk mboten ajeng tuku ajeng napa?”
B : “Engga ta mang milih. Dagangan kula saé-saé”.


3. Madya Krama.

Basa Madya Krama iku wujude tembung :

Madya (ater-ater lan panambang ngoko)

Krama lan krama inggil
Sampeyan, pangkat, sesebutan/peprenahan

Ciri-ciriné antara liya:
✓ Aku, diowahi dadi kula
✓Kowé, diowahi dadi sampéyan utawa samang

✓Ater-ater tak-, diowahi dadi kula
✓Ater-ater ko-, diowahi dadi samang, mang
✓Ater-ater di-, tetep ora owah.

✓Sing nganggo Basa Madya Krama :

Padha=padha priyayi sing wis kulina
Bojone priyayi marang sing lanang (yen durung ngoko)

Tuladha :

Mas, tinimbang sampeyan ngresula ngoten niku, mbok luwung ngenggar-enggar penggalih lan nyenyuwun teng Pangeran pinaringan gesang mulya, tentrem boten enten sambikala.

Contoh dalam percakapan :

(A Ibuné B Kula)
A: “Wetonku tumbuk umur 33 taun, slametané apa wis kok pikir?”
B: “Rak siyos bénjing tanggal 7, wulan Rabingulakir ngajeng niki ta?”
A: “Iya”.
B: “Saniki tanggal ping 27, taksih kirang 10 dalu”.
A: “Rak ya wis cedhak”.
(sumber panulisan : jv.wikipedia.org lan cathethan Basa Jawa nalika ing bangku sekolah)

b. Basa Ngoko

Basa Jawa Ngoko yaiku perangan Basa Jawa kanggo guneman marang wong sapadha-padha. Basa Ngoko isih kaperang dadi 2, yaiku :

1. Ngoko Lugu, yaiku minangka tataran basa kang paling asor ing undha usuk Basa Jawa. Wujud tembunge ngoko, ora ana tembung krama utawa krama inggil tumrap wong sing diajak guneman. Gunane kanggo guneman antarane :

Wong tuwa marang bocah enom
Wong kang sadrajad utawa wis raket sesrawungane
Wong apangkat dhuwur marang pegawene
Bocah cilik karo kancane
Ngunandika (ngomong dhewe)

2.Ngoko Andhap,

yaiku basa ngoko kang alus sarta luwih ngajeni marang wong kang diajak guneman. Wujude arupa basa ngoko kacampur tembung krama inggil tumrap wong kang diajak guneman. Yen dirasa kurang ngajeni sok dicampur tembung krama sawetara.

Panganggone basa ngoko andhap iku kanggo guneman antarane :

Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajade
Bojone priyayi marang sing lanang
Priyayi marang priyayi yen wis ngoko-ngokonan (kulina/raket)

Basa ngoko andhap bisa diperang dadi :

a) Antya Basa (wujude tembung ngoko lan krama inggil). Ciri-cirine :

Aku, tetep ora owah
Kowe, kanggo pawongan kang diajeni diowahi dadi panjenengan, ki raka,kangmas
Ater-ater dak-, ko-, di- lan panambang -ku, -mu, -e, -ake ora owah

Tuladha :

✓ Mas, aku nyuwun ngampil kagungane buku sewengi wae.
✓ Ora, kangmas ki suwé ora ngetingal-ngetingal iku tindak ngendi?

✓ Wah, adhimas ki rada ngece. Genah wis pirsa bae kok mundhut pirsa.

b) Basa Antya (wujude tembung ngoko, krama inggil lan krama).

Ciri-cirine :

Aku, tetep ora owah

Kowe, kanggo pawongan kang diajeni diowahi dadi panjenengan, ki raka,kangmas

Ater-ater dak-, ko-, di- tetep ora owah

Tuladha :

Mas, aku ora bisa nyaosi apa-apa marang panjenengan, kejaba mung bisa ndherek muji rahayu, muga-muga panjenengan saged remen, lan saged ngangsu kawruh sing migunani tumrap nusa lan bangsa.

Dak arani sliramu dhèk mau bengi saèstu mriksani ringgit ana ing dalemé Pak Lurah. Gèk lampahé baé apa ya dhimas, teka gamelané sedalu natas ngungkung baé, ora ana pedhot-pedhoté.

c. Basa Krama

1. Krama Inggil

Bahasa krama inggil itu lebih menghargai orang lain, juga disebut basa krama halus.

Contohnya.

1. Bapak tindak dhateng Jakarta dinten Minggu.
2. Pak Bagyo nembe mucal kelas sekawan.
3. Pak Badrun mundhut sepatu.
4. Eyang kakung nembe siram.
5. Buku kulo dipun asto Bu Guru.

2. Krama Lugu

Krama lugu : adalah kalimat yang didalamnya terdiri dari kata-kata berbahasa Jawa krama, kalimat ini biasanya digunakan untuk membahasakan diri sendiri.

Terdiri dari kata-kata berbahasa Jawa krama.

Contoh " Kula dereng tilem."

d. Basa Kedhaton

Basa Kedhaton yaiku basa kang kanggone mung ana kedhaton. Kaanggo tumrap para sentana lan abdining ratu ing wektu seba ing ngarsaning ratu.

Contoh :

1. Punapi sira darbe kawasisan ingkang linuwih ?
2. Jengandika punapi sampun mengertos pawartos puniki ?

Ewone basa kedhaton liyane :

nedha = mangan
puniku = iku
wonten = ana
punapi = apa
dhawak = dhewe
jengandika = kowe
siyos = sida
darbe = duwe
puniki = niki

e. Basa Kasar

Digunakan oleh rakyat banyak sehari-hari yang menurut bahasa memakai kata-kata yang tergolong kasar atau tidak sopan, biasa digunakan oleh orang yang tidak pernah belajar undak usuk basa.

***

B. Tembung Ngoko - Krama Madya – Krama Inggil

Ngoko - Kråma Madyå - Kråmå Inggil

A
abang - abrít - abrít
adhi - adhi - rayi
adêg - ngadêg - jumênêng
adóh - têbíh - tebíh

adús - adús - siram
ajang - ajang - ambêng
aku - kulå - kawulå,dalêm
ambúng - ambúng - aras
amít amít kulånuwun,

anak - yogå - putrå
anak-anak - anak-anak - peputrå
anggo - anggé - agêm
aran - nåmå - asmå

arêp ajêng, badhé kêrså
(pêm)-barêp - pêmbajêng - pêmbajêng
asu - sêgawon - sêgawon
awèh - nyukani - maringi
ayo - månggå - sumanggå

B

bali - mantúk - kúndúr
bantal - bantal - kajang sirah
banyu - toyå   -  toyå
bapak - bapak - råmå

batir - réncang - abdi
bêbêd - bêbêd - nyamping kambangan
bébék - kambangan - kasinggihan
bênêr - lêrês - uwós

bêras - uwós. - rumiyin
biyèn -  riyín -  garwå
bojo -  sémah - kónyóh
borèh - borèh -  pêngkêran

buri - wingkíng - kêndhang
buwang - bucal - bóbótan
bêbuwang - bêbucal - rampúng
buyar rampúng

C

caritå cariyós cariyós
caturan wicantên ngendikå
cawis cawís caós
cêkêl cêpêng astå

cèlèng andhapan andhapan
céwok cawík cawík
clathu wicantên ngvndikå
cucúl cucúl lukar

cukúr cukúr paras, pangkas sangsangan
cundhú cundhúk

D

dadi dadós dadós
dalan radinan margi
dandan dandós busånå
dêlêng ningali mriksani
dhéwé piyambak piyambak

dhuwít yatrå artå
dudu sanès sanès
doyan purún kerså
dolan dolan amêng-amêng

dulang ndulang ndhahari
durúng dêrêng dèrèng
duwé gadhah kagungan

E

élíng élíng émút, ångêt
êmbah êmbah éyang
êmbuh kirangan ngapuntên
êndhêm mêndhêm wuni

êndi pundi pundi
êntèni êntosi rantosi
ênyang awís awís
êpèk pêndhêt pundhút
ésuk énjíng énjíng

I

ikêt ikêt dêstar
iki niki punikå
ilang ical ical
imbúh imbêt tandúk

inêp nyipêng nyaré
irêng cêmêng cêmêng
ngiringakên ngiringakên ndhèrèkakèn

iså sagêd sagêd
isín isín lingsêm
iwak ulam ulam
iyå inggíh sêndikå

J

jågå jagi rêkså
jago sawúng sawúng
jalúk nêdi nyuwún
jamu jampi lólóh
jaran jaran titihan

jarít sinjang nyamping
jenat jênat swargi
jerúk jêram jêram
jisím jisím layón

jogèd jogèd bêkså
jungkat sêrat pêthat
jupúk pêndhêt pundhút

K

kabèh sêdåyå sêdantên
kåcåmåtå kåcåmripat kåcåtingal
kagèt kagèt kêjót
kakang kakang råkå

kalúng kalúng sangsangan
kanggo kanggé kagêm
kåndhå sanjang ngêndika
kathók kathók lancingan

katúr katúr konjúk
kayu kajêng kajêng
kêbo maéså maéså
kêlambi rasukan agêman

kêlúd kêlud samparan
kêmbang sêkar sêkar
kêmbên kêmbên kêsêmêkan
kêmúl kêmul singêp

kêrís dhuwúng wangkingan
kijíng kijíng sêkaran
kirå kintên kintên
kóngkón kèngkèn utús

kowé sampéyan pênjênêngan
kramas kramas jamas
kråså kraós kraós
krungu kêpirêng midhangêt

dikubúr dipêtak disarèkaké
kuburan kuburan pasaréyan
kurang kirang kirang
kuwat kiyat kiyat
kuwi niku punikå

L

labúh labêt labêt
lagi sawêg nêmbé
laír lair miyós
lali supé kalimêngan

lanang jalêr kakúng
lårå sakít gêrah, gêring
larang awís awís
layang sêrat nawålå

lemah siti siti
lêmu lêma lêmå
liwat langkúng langkúng
lungå késah tindak

lêlungan kêkésahan pêparan
lunggúh lênggah pinarak

M

måcå måcå maós
macan macan simó
malíng maling pandúng

mambu mambêt nggåndå
manak nglairakên mbabar
mangan nêdhå dhahar

mangkat bidhal tindak, jengkar
marang dhatêng dhatêng
mati pêjah sedå, surúd
mayít mayít layón

mêlèk mêlèk wungu
mèlu tumút ndhèrèk
mènèhi nyukani maringi, nyaósi
mênjangan sangsam sangsam

menyang dhatêng dhatêng
mêtu mêdal miyós
mikir manah nggalíh
minggat minggat lólós

mlaku mlampah tindak
mudhún mandhap mandhap
mulang mucal mucal
mulíh mantuk kúndúr

muni mungêl mungêl
murah mirah mirah

N

nandúr nanêm nanêm
nangís nangís, mular muwún
nêpsu nêpsu duka
nóm nèm timúr

nunggang numpak nitíh
ngadêg ngadêg jumênêng
ngaggo nganggé ngagêm
ngarêp ngajêng ngarså

ngaso kèndêl kèndêl
ngêlu ngêlu puyêng
ngèngèr ngèngèr ngabdi
ngêntèni ngêntosi ngrantós

ngimpi ngimpi nyupêna
ngirím ngintun ngintún
ngisíng bebanyu bóbótan
ngombé nginum ngunjúk

ngóngkón ngèngkèn ngutús ngaturi
nguyúh toyan turas
nyambút gawé nyambut damêl ngastå damêl
nyêkêl nyêpêng ngastå

nyilíh nyambut ngampíl
nyrêngêni nyrêngêni ndukani
nyritani nyriyosi nyriyósi

O

ómbó wiyar wiyar
obat jampi usådå
olèh angsal pikantuk, kêparêng
ómpóng ómpóng dhaút
ora bótên bótên

P

pådhå sami sami
padusan padusan pasiraman
paidón paidón kêcohan
panas bêntèr bêntèr

pangan têdhan dhaharan
pangilón pangilón paningalan
paturón patilêman pasaréeyan
payúng payúng sóngsóng

peéan pétan ulík
pikír manah penggalíh
pilís pilís blónyóh
pitík ayam ayam

prau kapal baitå
pupak pupak dhaút
pupúr pupúr tasík
putíh pêthak pêthak
putu putu wayah

R

rabi émah êmah kråmå
rådå radi radi
råså raós raós
råtå radin radin

raúp raúp suryan
rekåså rêkaos rekaós
rupå warni warni
rusak risak risak

S

sabúk sabúk pêningsêt
sadêla sêkêdhap sêkêdhap
sadulúr sadhèrèk sadhèrèk
salín gantós gantós

sandhangan panganggé pangagêm
sapi lêmbu lêmbu
sapíh sapíh pêgêng
sapu sapu samparan

sêga sêkul sêkul
sêgårå sêgantên sêgantên
selír selír ampil, ampéyan
sendhók séndhok lantaran

silíh sambút ampíl
slamêt wilujêng sugêng
suwé dangu dangu

T

takón takèn ndangu
tandang gawé nyambut damêl ngastå damel
tåndhå tangan tåndhå tangan tapak astå

tandúr tanêm tanem
tangi tangi wungu
tapihan tapihan nyampingan

têka dugi, dhatêng rawúh
têkên têkên lantaran
têtak, sunat têtak, sunat supít

tiba dhawah dhawah
tilík tuwi tuwi
tuku tumbas mundhut

turah tirah tirah
turu tilêm saré, néndrå
turún turún têdhak

***

C. Tembung Padha Tegese

A
agal = kasar
ajar = wuruk
aji = rega
aking = garing
alem = ugung
ama = lelara
aman = tentrem
amem = meneng
ancas = maksud
anjog = jebul
aos = mentes
apik = becik

B

babad = sajarah
badhut = dhagelan
bajang = kunthèt
baku = pokok
basuki = slamet\* bau = lengen
baul = wurung
baut = pinter
becik = apik
begja = untung
bering = bot sih
béya = wragad
blabar = lubèr
blatèr = grapyak
blilu = bodho
budi = nalar
bungah = seneng

C

cabar = wurung
cacak = jajal
cancang = ditaleni
cawis = cepak
cekel = candhak
celathu = omong
cethil = medhit
clingus = isinan
congkrah = crah
cuwa = gela

D

dahwen = melikan
darbe = duwe
daya = kakuwatan
dedel = muluk
deksura = jahat
deleng = tonton
denawa = buta
dhawuh = ngendika
dheprok = lungguh
sleweran = gobyos
dongeng = crita
dremba = rakus
dunung = panggonan
duraka = salah

E

edi = sarwa becik
edum = bage
emoh = suthik
empon-empon = jamu

G

gagar = wurung
gagrak = cara
gangsar = lancar
garap = olah
gawok = gumun
gegana = awang-awang
gelung = ukel
gendul = botol
genjah = cepet awoh
geseh = beda
giris = wedi
gladhi = ajar
gothang = ora ganep
gugur gunung = bebarengan
gembala = jenggot

I

idham-idhaman = gegayuhan
ijen = dhewe

J

jamak = rodha
jarit = sewek, tapih
jarwa = teges
jatmika = trapsila
jiwa raga = pati urip
jumangkah = mlaku
juru = tukang

K

kadang = sedulur
kadigdayan = kasekten
kaduk = kakehan
kalegan = marem
kaleksanan = kelakon
kamigilan = gila banget
karya = gawe
kasiyat = daya
kaya = memper
keduwung = getun
keladuk = kakehan
kendel = wani
kenthes = penthung
ketungkul = kesusul
kewek = kemayu
kinasih = ditrisnani
kumlebet = klebat-klebet

L

lamba = ora rangkep
landhung = dawa
langgeng = lestari
laras =
larab = tutup
lantip = gathekan
layang = surat
loh = subur
loma = ora cethil


M

macak = dandan
maido = nacat
makam = kuburan
makarya = nyambut gawe
mandhegani = mimpin
mandi = ampuh
marsudi = ngudi
masak = olah-olah
mekar = megar
mempeng = sengkut
memba = niru
mirunggan = mligi
misuwur = kondhang
mitra = kanca
mopo = ora tumandang
motah = rewel
muluk = mumbul
mumpuni = pinter samubarang
mupangat = piguna
murwakani = miwiti
murwat = satimbange

N

nandang = nglakoni
ngambar = misuwur
ngawang = ngleyang
ngapurancang =
ngebreh = boros
ngecakake = nindakake
ngicipi = ngrasakake
ngincup = nyekel (tmrp kupu, kinjeng)
ngiteri = ngubengi
nglamlami = nengsemake
ngundha = ngulukake
nyalawadi = aneh
nyamikan = pacitan
nujuprana = nyenengake


O

ojong = emban
oleh-oleh = gawan
opah = ongkos
owel = eman


P

pandung = maling
pariwara = iklan
pawarta = kabar
pepali = larangan
perangan = bageyan
perjaya = dipateni
pindha = kaya
piranti = bekakas
pirang-pirang = akeh
pipis = gerus
praja = negara
prigel = trampil
punagi = kaul
punggawa = pegawe
padhatan=lumrah



S

sapih = pisah
saru = kasar
sato = kewan
satru = mungsuh
sediya = cepak
sembada = kuwat, timbang
sedya = karep
seneng = bungah
sengkud = mempeng
sepele = remeh
seru = banter
sesorah = pidhato
segeg = mandheg
sikara = pilara
simpir = sengkleh
sinangling = digilapake
sinarawedi = raket
sinuba-suba = diurmati
sinawang = dideleng
sregeb = taberi
sulih = ganti
sumurup = ngerti
surak = mbengok

T

taberi = sregeb, open
tansah = pijer
tentrem = ayem
tesmak = kacamata
tuhu = nyata
tuladha = conto
tuna = rugi
tuwuh = thukul


U

ubarampe = piranti
ubaya = janji
ugung = uja
umpaka = aleman
unggul = menang
urakan = ugal-ugalan
urmat = ngajeni


W

wade = jarit, dagangan
wara-wara = biwara
waras = saras, bagas
warta = kabar
waspada = ngati-ati
watara = kira-kira
wekasan = wasana
welas = tresna
wingit = angker
wuninga = weruh

Y

yasa = gawe
yayah = bapak

Bạn đang đọc truyện trên: Truyen2U.Pro