Pacelathon ( Percakapan)

Màu nền
Font chữ
Font size
Chiều cao dòng

Dalam Bahasa Indonesia, pacelathon artinya "percakapan".

Pacelathon sama saja artinya dengan percakapan.

Asal kata Pacelathon  :
Pacelathon saka tembung celathu entuk ater-ater Pa- lan panambang -an.

Pacelathon yaiku :

Interaksi antarane wong loro utawa luwih seko loro.

Ana ing kabudayan Jawa, pacelathon diatur dening unggah-ungguh.

Unggah-unguh basa mau digunakake ngurmati antarane wong siji lan liyane sing diajak guneman.

Unggah-ungguh mau kaperang maneh dadi loro yaiku ngoko lan krama.

Dening ngoko lan krama uga kaperang dadi loro yaiku lugu lan alus.

Berdasarkan uraian tadi, jadi pacelathon dalam Bahasa Jawa itu sangat mengutamakan unggah-ungguh dalam berbahasa.
Unggah ungguh berguna untuk menghormati orang lain. Misalnya ketika terjadi percakapan antara murid dengan gurunya. Tentu saja si anak akan berbicara dengan sopan dan santun.

Orang yang lebih muda harus berbicara menggunakan bahasa krama ketika berdialog dengan orang yang lebih tua.

***

Contoh dari Pacelathon antara anak muda dengan yang lebih dewasa.

Adi           : Pakdhe, sonten-sonten kok taksih ten kebon?
Pakdhe     : Iyo Di, urung rampung iki
Adi           : Taksih nopo to pakdhe?
Pakdhe     : Resik-resik di
Adi           : Lha niku, punapa ingkang panjenengan lampahi pakdhe?
Pakdhe     : iki aku ugo arep nandur wit gedhang sing di jaluk karo budhemu kae
Adi           : oalah, nalika wingi sonten kula nggi mireng menawi budhe sambat kaliyan pakdhe babagan punika
Pakdhe     : ora mung kuwi tujuane, nanging iki uga ana manfaate kanggo lingkungan
Adi           : leres niku pakdhe, mugi-mugi dados amalipun pakdhe
pakdhe     : aamiin
Adi          : nggih pun, kulo pamit wangsul rumiyin nggih Pakdhe, sampun badhe maghrib.
Pakdhe    : Iyo Di, ati-ati.

***

Contoh Pacelathon :

Dina esuk Minggu Anang, Bapak, lan Ibu padha reresik omah.

Bapak : “Anang, mrenea! Rewangen Bapak ngresiki plapon iki!”
Anang : “Nggih, Pak! Kula mendhet sapu panjang rumiyin.”
Bapak : “Nang, njupukna andha kanggo ngranggeh panggonang sing reged
dhuwur kae!”
Anang : “Nggih, Pak…, menika andhanipun.”
Bapak : “Kene… kene, galo regede kaya ngana.”
Anang : “Nggih-nggih Pak! Saenipun seminggu sepisan dipunresiki kok Pak!”
Bapak : “Pancen kudune ngono Nang, mulo suk minggu kerja bakti maneh.”
Anang : “Nggih Pak, benjing kula rencangi!”
Ibu : “sing ngati-ati lho Nang!”
Anang : “Nggih Bu!”
Ibu : “Yen wis rampung, Ibu direwangi nandur kembang ya, Nang!”
Anang : “Kembang nopo Bu? Punapa Ibu mundhut?”
Ibu : “Ora, iki kembang olehku nyuwun soko daleme Pak RT.”
Bapak : “Wis Nang, rwangana Ibumu genti!”
Anang : “Nggih Pak..!”

*Sumber : Buku Remen Basa Jawa

Bạn đang đọc truyện trên: Truyen2U.Pro