Macam-macam Tembung (Kata)

Màu nền
Font chữ
Font size
Chiều cao dòng


1. Tembung Lingga

Tembung lingga yaiku tembung sing durung owah saka asale ( kata asal ). Tembung lingga sing unine mung sakecapan diarani tembung wod

A. Tuladha tembung lingga :

Adus, babar, kursi, tuku, tandur, lsp ( 2 wanda )
Garudha, gamelan, segara ( 3 Wanda )

B. Tuladha tembung wod :

Gas, bak, rak, sak, lur, tul, tik.

2. Tembung Andhahan

Tembung andhahan (kata jadian) :
Tembung andhahan yaiku tembung sing owah saka asale.

Tuladha :
Latare, Piwulang, tetuku, omahe, tulisane, balekna

Tembung andhan:

1. Ater-ater (=awalan)

a) ater-ater hanuswara : n, ny, ng, m

n + tulis =nulis
ny + sapu= nyapu
ng + gawe= nggawe
m + paku= maku

tembunge dadi tembung tanduk

b) ater-ater tripurasa: dak, ko, di

dak + tuku= daktuku
ko + tuku = kotuku
di + tuku = dituku

tembunge dadi tembung tanggap

c) ater-ater liyane sing awujud :

a + lungguh = alungguh
ka + waca= kawaka
sa + dina = sadina
pa + piker = pamikir
pi + wulang = piwulang
pra + tandha =pratandha
pari + kena = parikena
tar+buka = tarbuka
kuma+ wani = kumawani
kami+ sepuh = kamisepuh
kapi +temen = kapitemen

2. Panambangan (akhiran)

a) Panambang : an

Kobong + an = kobongan
Gawa + an = gawan (dudu gawaan)
Tuku + an = tukon (dudu tukuan)
Lali + an = lalen (dudu lalian)
Sore + an = soren (dudu sorean)
Paro + an = paron (dudu paroan)

b) Panambang: i

Jawil + i = jawili
Kandha + i = kandhani (dudu kandhai)
Nesu + i = nesoni (dudu nesoii)
Bali + i = baleni (dudu balii)
Ombe + i = ombeni (dudu ombei)
Bodho + i = bodhoni (dudu bodhoi)

c) Panambang : ake

Tulis + ake = tulisake
Tata + ake = tatakake (dudu tataake)
Turu + ake = turokke (dudu turuake)
Bali + ake = balikake (dudu baliake)
Suwe + ake = suwekake (suweake)
Jodho + ake = jodhokake (jodhoake)

d) Panambang: a, na, ana, en

Dudut + a = duduta
Dudut + na = dudutna
Dudut + ana = dudutana
Dudut + en = duduten
Bantu + a = bantua
Bantu + na = bantokna
Bantu + ana = bantonana
Bantu + en = bantunen

e) Panambang : ku, mu, e

Omah + ku = omahku
Omah + mu = omahmu
Omah + e = omahe
Mata + e = matane (dudu matae)
Sapi + e = sapine (dudu sapie)
Kebo + e = kebone (dudu keboe)
Buku + e = bukune (dudu bukue)

f) Panambang :ne , ing

Bapak + ne = bapakne = bapake
Dijaluk + ne = dijalukne = dijalukake
Swara + ing = swaraning = swarane
Aran + ing =araning = arane

3. Seselan (sisipan)

a) Seselan : um

Cathel + um = c + um + anthel = cumanthel
Gedhe + um = g + um + edhe = gumedhe

b) Seselan: in

Carita + in = c + in + arita =cinarita
Siram+ in = s + in +iram = siniram
Nanging yen:
Amuk + in = ing +amuk = ingamuk
Inum+in = ing + inum = inginum
Obong+in = ing + obong = ingobong
Udheg+ in = ing + udheg = ingudheg
Embang+in = ing + emban = ingemban

c) Seselan: i, r

Siwer+ l = s + l + iwer = sliwer
Kencar+l = k + l + encar = klencar
Kelip+r = k + r + elip = krelip
Canthel + r = c +r + anthel = cranthel

3. Tembung Rangkep

Tembung Rangkep (kata ulang). Tembung rangkep yaiku sakabehing tembung sing diwaca kaping pindho, bisa sakaehing tembung utawa mung sawanda. Tembung rangkep ana telung macem, yaiku :

1. Tembung dwilingga

a. Dwilingga padha swara
Panas-panas, maca-maca, guru-guru, abang-abang.

b. Dwilingga salin swara
Etang-etung, wira-wiri, kopat-kapit, mloka-mlaku, molak-malik.

c. Dwilingga semu
Ondhe-ondhe, undur-undur, andheng-andheng, athi-athi.

2. Tembung dwipurwa

Tembung dwipurwa yaiku tembung-tembung diwaca kaping pindho mung wanda sing ngarep

Lara = lelara
Guyu = geguyu
Tuku = tetuku
Laku = lelaku

3. Tembung dwiwasana

Tembung dwiwasana yaiku tembung-tembung sing diwaca kaping pindho mung wanda sing mburi.
Benyik = benyinyik
Cuwo = cuwowo
Pethet = pethethet
Penyo = penyonyo

4. Tegese Tembung Camboran

Tembung camboran (kata majemuk) yaiku tembung loro utawa luwih sing dirangkep dadi siji, miturut tegese tembung camboran bisa kaperang dadi loro yaiku :

a) Camboran Tunggal

Nagasari, Semarmendem, Ulerkembang, Daramuluk

b) Camboran wudhar

Gedhecilik, Meja tullis, Gedhang goreng, larabrantha

5. Tembung Tanduk

Tembung tanduk yaiku tembung lingga sing oleh ater-ater hanuswara (m, n, ny). Tembung tanduk bisa kaperang dadi telu warna, yaiku :

a) Tembung tanduk kriya wantah

Tembung tanduk kriya wantah yaiku tembung sing ora oleh panambang

Tuladha : maju, ndheleh, ngadeg, nyapu

b) Tembung tanduk i-kriya

Tembung tanduk i-kriya yaiku tembung tanduk sing oleh panambang i

Tuladha : menthungi, nglabui, nulungi, nyaponi

c) Tembung tanduk ke-kriya

Tembung tanduk ke-kriya yaiku tembung tanduk sing oleh panambang ke utawa ake

Tuladha : Ndhuduhake, nyelehake, mbalangake, ngalungake

6. Tembung tanggap

Tembung tanggap yaiku tembung lingga sing oleh ater-ater tripurasa ( ka, dak, di) lan seselan –in. Tembung tanggap bisa kaperang dadi patang warna :

a) Tanggap tripurasa

yaiku tembung lingga sing oleh ater-ater tripurasa

Tuladha : kojupuk, dakpangan, dibalangi

b) Tanggap na

yaiku tembung lingga sing oleh seselan –in

Tuladha : Sinengkakake, tinulis, tinubruk, tinemu

c) Tanggap tarung

yaiku tembung dwilingga sing oleh seselan –in tripurasa

Tuladha : sera-sinerat, cokot-cinokot, sawang-sinawang, tulung-tinulung

d) Tanggap ka

yaiku tembung lingga sing oleh ater-ater ka-kanthi teges dijarak

Tuladha : kaobong, kapangan, kagendhong, katulis

7. Ayahane Tembung

Ayahane tembung utawa lungguhing tembung ing basa Indonesia diarani “jabatan kalimat”. Ngudhal ukara manut ayahane tembung ateges nggoleki parangane ukara sing diarani jejer, wasesa, lesan lan katrangan ( Ind: subyek, predikat, obyek dan keterangan).

Tuladha :

Dodi tuku sepatu esok mau.
Dodi = jejer
Tuku = wasesa
Sepatu = lesan
Esok mau = katrangan

• Warna-warnane katrangan yaiku : •

Katrangan wayah : esok, sore, saiki, bengi, lsp.

Katrangan cacah : lima, sethithik, akeh, arang, lsp.

Katrangan papan / panggonan : ing dhuwur kursi, ing lapangan, lsp.

Katrangan ukur : abot, gedhe, cedhak, dawa, lsp.

Katrangan sebab : jalaran lunga, amarga lara, amarga isih cilik, lsp.

Katrangan maksud / ancas : supaya resik, supaya padhang, kareben waras, lsp.

Katrangan kahanan : reged, kasar, lurus, resik, lsp.

***

*Silah-silahing Tembung*

Silah-silahing Tembung ( Jenis Kata ) Ing Basa Jawa Miturut golonganing tembung ana 10 warna :

1. Tembung Aran ( Kata Benda )
Contone : Meja, kursi, lemari, radio lsp.

2. Tembung Kriya ( Kata kerja )
Contone : nulis, maca, nyapu, mangan, ngombe, lsp.

3. Tembung ganti ( Kata ganti )
Contone : aku, kowe, ku, dheweke, lsp.

4. Tembung wilangan ( Kata bilangan )
Contone : telu, setengah, siji, akeh, lsp.

5. Tembung sipat / kahanan ( Kata sifat )
Contone : bagus, susah, apik, seneng, lsp.

6. Tembung Katrangan ( Kata keterangan )
Contone : Tengah, kene, ndhuwur, wetan, lsp.

7. Tembung seru / Pangguwuh ( Kata seru )
Contone : Wah, aduh, tulung, eh, lsp.

8. Tembung Sandhangan ( Kata sandang )
Contone : Sang, Hyang, Raden, Kyai, lsp.

9. Tembung panyambung ( Kata sambung )
Contone : Sarta, lan, wusana, mulane, lsp.

10. Tembung Pangarep ( Kata depan )

Contone : ing, saka, sing, menyang, lsp.

****

** Silah – Silahing Ukara **

Silah-silahing Ukara Ing Basa Jawa. Silah-silahing ukara sing perlu di weruhi ana 6 warna, yaiku :

1. Ukara Kandha ( Kalimat Langsung )

Yaiku ukara sing ngandhaake omongan liyan kanthi persis.

Contone :

Bapak ngendika, “Sesuk aku menyang Jogja”.
“Kowe kudu sing sregep ngaji” dhawuhe ibu.

2. Ukara Crita ( Kalimat Tak Langsung )

Yaiku ukara sing nyritakke omongan liyan mung sarine / Ringase bae.

Contone :

Tini takon, kena apa aku wingi ora mlebu sekolah.
Ngendikane guru, yen sregep sinau mesthi pinter.

3. Ukara Tindak / Tanduk ( Kalimat Aktif )

Yaiku ukara sing jejere nindakake pagawean.

Contone :
Ibu mundhut jajan kanggo tukang.
Rudi ngunduh jambu.


4. Ukara Tanggap ( Kalimat Pasif )

Yaiku ukara sing jejere dikenani pagawean.

Contone :

Sarunge di krikiti tikus.
Jajane dirubung semut.

5. Ukara Pakon ( Kalimat Perintah )

Contone :

Jupukna tasku ing dhuwur kursi kuwi.
Balekna buku iki menyang omahe budi.

6. Ukara Panjaluk ( Kalimat Permohonan )

Contone :

Coba kowe mreneya dak kandhani.
Tulung aku penekna blimbing kuwi.

Katrangan :

Ukara kandha bisa didadekake ukara crita, lan ukara crita uga bisa didadekake ukara kandha.

Miturut medharake gagasan, ukara bisa di perang dadi 2 warna :

=>  Ukara lamba ( Kalimat Tunggal )

Yaiku ukara sing medharake gagasab mung siji.

Tuladha :

Adhik tuku buku.
Tono nunggang kebo

=> Ukara Camboran ( Kalimat Majemuk )

Yaiku ukara sing medharake gagasan luwih saka siji. Ukara camboran iku rangkepane ukara lamba.

Tuladha :

Didi cethil nanging mbak yuni loma.
Danu munggah kelas amarga sregep anggone sinau.


Ayo Ngopi (Ngolah Pikiran) bareng

Bạn đang đọc truyện trên: Truyen2U.Pro